TEMBANG KATRESNAN

 Karya: Fi'ie 


Wes suwe rasane aku ning kene

Naliko sliramu gur gowo lambe

Najan abot rasane ditompo ono ati

Nanging aku ra butuh mesakke


Opo koyo ngene

Nyandang katresnan

Koyo wong lagi pengen bal-balan

Mlayu ngetan lan ngulon

Balik ngalor lan ngidul

Sliramu iseh durung reti tenan


Kok pancen ngene

Jero rasane

Sirah mumet cekelan kahanan

Sepiro koe butuh aku

Aku ra gowo mlayu

Ati sing ono jero dodo


Miber dadi sewiwi

Miber dadi ngimpi


Aku wes ketemu jawaban

Sing dak karepke


2022

Komentar

Postingan Populer