Miandeli Awak Dewe-dewe
Abote mimpin awake dewe yen ora due kewanenan. Sekali tepak banjur melingsak. Manungso kudu due ageman karo piandel sing njalari kaugeman migunani. Mengkene, sing jenenge obat sastro lan kuat ning batin, kudu diobati dewe mergo awake. Wangsalane umpomo awak iki pengen ngadekke paugeran, lan bangun Kayangan dunyo, kudu diugemi karo barang sing kepenak lan sae. Ojo dadi jereh awake dewe. Yen dikerubung barang sing mungsuhi lan ora ngepenaki kudu ngobahe koyok suket mili. Banjur, aku iling marang lir Ilir.
Koyok suket ijo, royo-royo lan kepenak, kudu dikepenaki lan ditumpaki dolanane dewe-dewe. Iki lak ibarat tanduran, kudu ditukulke, yen garing di sirami lan diopeni. Wes, kepanak kui. Ojo mateni yen iso mateni, ojo wedi yen ra salah, ojo rumongso yen ra pengen gegeden rumangsane. Ning ngarep kudu nuladani, ning tengah kudu ngekei pikiran, ning mburi kudu ngekei suoro. Yen dadi uwong kudu meneng, kudu ngekei arepan lan kategesan marang awak dewe lan liyan.
2022
Komentar
Posting Komentar